Maneka pawadan samangke ngrendheti lestarinipun panahan tradisional. Kadosta pandamelipun panah ingkang njelimet saha papan ingkang dipunbetahaken kedah wiyar anjalari panahan tradisioonal kawon kalian panahan moderen. Ananging pawadan kasebat pranyata boten lumampah tumrap saperangan masyarakat ingkang ngebaki lapangan panahan ing Jonggrangan Klaten. Sinaosa kanthi maneka pepalang para pemanah menika tetep mbudidaya nglestarekaken panahan tradisional ingkang kawentar kanthi nama Jemparingan. Malah para pandhemen jemparingan menika ngawontenaken adon wasis supados saged nglestarekaken tradisi leluhur. Pandherekipun ugi saking sakathahing kitha. Panahan tradisional jemparingan nggadhahi ciri khas saha unik. Ing panahan jemparingan dasan pemanah manah sasaran cacah tiga ngantos gangsal kanthi cara sesarengan.
Dene ingkang dipun panah dipunwastani bandhulan alit. Sasaran dipun gantung kanthi inggil kalih tengah meter saking siti kanthi tebih tigang dasa meter saking pemanah. Menawi panah kasil tumancep ing awakipun bandulan badhe pikantuk biji setunggal ananging menawi saged tumancep ing sirah bandulan bijinipun tiga. Para pemanah ugi kedah manah sasaran kanthi lenggah sila ngiringi arah sasaran. Kajawi menika para pemanah ugi wajib ngginakaken rasukan tradisional Ngayogyakarta nalika ndherek lomba saha nalika gladhen sesarengan.
Sumber: TATV / Manteb.com.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar